MargoyosoUpdate.com -
Amargi kaserang ama tikus, atusan hektar lahan tetanen jagung ing
Desa Srikaton, Kecamatan Kayen, Pati ngalami gagal panen. Satemah para
tani nandhang kapitunan ngantos yutan rupiah.
Taneman jagung watawis kawan atus hektar ing Desa Srikaton, Kecamatan
Kayen, Pati kaserang ama tikus. Satemah para tani gagal panen saha
nandhang kapitunan ngantos atusan yuta rupiah. Kangge ngawekani serangan
ama tikus, para tani nindakaken gropyokan ing lahan tetanen ingkang
kaserang.
Salah setunggaling among tani jagung, Jumadi nelakaken, serangan ama
tikus taksih dados ama ingkang dipun ajrihi tumrap among tani palawijo
jinis jagung ing desapun. Sinaosa sakathahing pambudidaya sampun
katindakaken, pranyata ama tikus malah sangsaya mratah wiwit kalih wulan
kepengker.
Kangge ngawekani ngrembakanipun, para tani miwiti nggropyok kangge
ngawat-awati gunggung tikus ing dhaerah kasebat. Among tani ngajab
pamarintah suka kawigatosan mligi tumrap para tani jagung. Awit menawi
mangsa ketiga inggih namung taneman jagung ingkang dados pangupajiwa