MargoyosoUpdate.com -
Sawijine kacilakan dialami dening wanita warga Godong, Grobogan.
Korban tiwas kanthi nandhang tatu ing sirahe sawise ditabrak bis jurusan
Semarang-Purwodadi. Polisi kang teka langsung nindakake olah TKP lan
ngamanake bis.
Siti Fatimah, warga Manggar Mas, Godong, Grobogan tiwas ing papan
kedadeyan sawise ditabrak bis jurusan Semarang-Purwodadi kanthi nomer
polisi H 1063 AA ing ratan gedhe Purwodadi-Semarang.
Kacilakan kedadeyan nalika korban arep nyabrang, ananging saka arah
kang padha ana bis mlaku. Sanajan bis wis ngunekake klakson, ananging
korban nekad menggok nengen lan apes bis nabrak korban satemah tiwas
sanalika.
Kajaba nabrak korban, bis uga nabrak lapak dagangan duweke warga.
Polisi kang teka langsung nindakake olah TKP sarta ngamanake bis. Korban
tiwas amarga sirahe nandhang tatu. Korban langsung digawa menyang omahe
kang meneri cedhak karo papan kedadeyan. Kasus kacilakan kasebut
ditangani pehak Unit Kecelakaan Polres Grobogan kanthi ngamanake sopir
lan bis. (Nur Soli - Grobogan)