MargoyosoUpdate.com -
Kakira amarga listrik konslet, SMP negeri ing Gabus, Pati setu awan
(8/9/2012) entek kobong. Ruang kelas cacah telu ing SMP kasebut sak
isine ora bisa dislametake. Rahayune ora ana korban jiwa jrone kedadeyan
iki amarga para siswa wis mulih.
Ruang kelas cacah telu ing SMP Negeri 2 Gabus, Pati entek kobong.
Ruang kang kobong yaiku ruang lab komputer, ruang tata usaha lan ruang
kepala sekolah.
Miturut seksi, Supardi, geni dimangerteni sepisanan saka ruang lab
komputer. Sawetara mangerteni sekolahan kobong, warga mbudidaya nyirep
ubaling geni ananging amarga barat gedhe, geni ora bisa disirep.
Ubaling geni lagi bisa disirep sawise rong jam sawise ngerig-ake
blambir telu. Kakira kobongan kedadeyan amarga listrik konslet ing ruang
lab komputer.
Miturut sawijine Guru SMP 2 Gabus, Agus Supriyanto, jalaran kobongan
iki komputer 20 unit ora bisa dislametake lan sakehing berkas penting
liyane uga kobong. Kapitunan kang disandhang sekolah durung bisa
dimangerteni. Dene kang njalari kobongan isih dipriksa pehak kepolisian.
(Hasanuddin - Pati)