MargoyosoUpdate.com -
Ketiga panjang ing Grobogan dipuntanggapi pamarintah kabupaten kanthi
ngedalaken status darurat musibah kasatan. Kanthi paneteping status
menika pamarintah ngajak sedaya paprentahan ndherek sabyantu nanggulangi
musibah kasebat.
Ketiga panjang ing taun menika anjalari kasatan sangsaya mratah.
Kalih dasa desa ingkang sumebar ing gangsal welas kecamatan ing Grobogan
sampun kangelan pikantuk toya saestu. Wekdal menika wonten KK cacah
tigang ndasa tiga ewu kepeksa pados toya dhateng papan ingkang tebih
amargi sumuripun sampun sami asat.
Ningali kawontenan menika, pamarintah kabupaten ngedalaken status
darurat musibah kasatan. Status kasebat dipun tetepaken lumantar SK
Bupati saha sampun dipun lapuraken dhumateng Gubernur Jawa Tengah.
Ancasipun supados anggenipun nangani musibah kasatan mboten namung dados
tanggel jawabipun Pemkab Grobogan, ananging ugi Pemprov Jateng.
Pemkab Grobogan lumantar Badan Penanggulangan Bencana Daerah ngaken
sampun mbudidaya kanthi sak kekiyatanipun kangge nangani perkawis
menika. Ananging pambudidayanipun pamarintah arupi droping toya saha
pandameling embung-embung boten kasil kanthi sae amargi kawontenan alam
ingkang kirang nyengkuyung. (Nur Soli - Grobogan)