MargoyosoUpdate.com -
Gara-gara ngendhani wong nyabrang, sawijine trek tangki isi gas
elpiji nabrak wates ratan ing Ratan Pemuda, Muntilan, Kabupaten
Magelang, setu esuk (8/9/2012). Sanajan ora nuwuhake korban jiwa, trek
kang liwat ing pinggir ratan anjalari jalur Ngayogjakarta-Magelang
macet.
Trek tangki isi gas elpiji kanthi bobot karo tengah ton saka Cilacap
nabrak wates ratan, sawijne wit lan cagak telpon. Kacilakan kasebut
kawiwitan nalika trek kanthi plat nomer B 9114 UZ kang disopiri Ian
Priyadi 36 tahun warga Kelurahan Bojong Batak, Pemalang mlaku banter
saka arah Yogja tumuju Magelang. Ananging nalika iku ana sawijine warga
meneri nyabrang, satemah sopir uga ora bisa ngendaleni kendaraan.
Miturut sopir trek, dheweje kepeksa mbanting setir nengen supaya kang
nyabrang ora ketabrak. Ananging trek durung bisa ngerim nuli nabrak
wates jalur amarga anggone nyabrang ndadak. Rahayune kacilakan iki ora
nuwuhake korban jiwa. Sopir lan kernet trek ora nandhang tatu.
Sawetara trek isi gas elpiji kasebut bodine ngharep peyok lan roda
gardane tugel. Polisi kepeksa masang garis polisi supaya warga ora
nyedhak amarga trek rawan kobong lan mbledhos jalaran momot gas elpiji.
Kacilakan tunggal iki njalari jalur utama Jogjakarta-Magelang dadi
macet. Nganti setu awan trek tanki isi gas elpiji kasebut durung bisa
dievakuasi. (Widodo Setiawan - Magelang)