MargoyosoUpdate.com -
Puluhan hektar lahan pari kang umure lagi 3 minggu ing Kecamatan
Jakenan Pati kaancam gagal panen amarga diserang penyakit. Among tani
kang mangerteni parine kena penyakit mbudidaya ngawekani wit parine
kanthi cara ngileni lahane. Kanthi lahan tetanen kang teles diajab pari
kang kaserang penyakit bisa tuwuh lan ngasilake anakan. Pucuke godhong
pari kang kaserang penyakit wernane rada soklat lan gunggung anakane
sithik. Menawa dijarake oyode tanduran bakal rada abang banjur pang-e
bosok. Serangan penyakit pari kasebut nganti wektu iki isih kedadeyan
ing saperangan lahan pari ing sakehing desa kang kalebu Kecamatan
Jakenan kayata Kedungmulyo, Sonorejo lan Desa Sendangsoka. Menawa ora
ditangani serangan penyakit kang kedadeyan amarga virus iki dipesthekake
bakal mratah.
Miturut sawijine among tani, Supar, penyakit godhong kang bosok kerep
kedadeyan tumrap tanduran pari. Sakehing pambudidaya kalebu nyemprot
pestisida kimiawi wis ditindakake nanging penyakite malah mratah. Kakira
penyakit kang ora mempan diwenehi pestisida kimiawi kasebut kedadeyan
amarga anggone menehi pestisida kakeyan satemah nuwuhake virus anyar
kang kebal pestisida. Kanggo nangani kedadeyan iki among tani
diprayogakake nggunakake pestisida hayati. Kajaba bisa mateni virus lan
bakteri pestisida hayati uga ora ngracuni ekosistem lahan tetanen
satemah mikroba lan virus penyakit bisa mati, nanging mikroorganisme
kang mupangati bisa tetep urip. (Hasanuddin - Pati)