MargoyosoUpdate.com -
Ndungkap ariraya Natal regi daging ayam ing peken tradisional ing Pati mindhak 20%, sawetawis regi daging lembu taksih ajeg.
Ing peken tradisional puri-pati salebeting seminggu menika regi
daging ayam wiwit mindhak. Sawetawis regi daging lembu tetep ajeg. Regi
daging ayam selangkung ewu kamangka saderengipun namung Rp 20.000.
Wondene daging lembu 75.000 saben kilonipun. Indhak-indhakan regi daging
ayam kasebat anjalari daganganipun para bakul sepen. Pramila para bakul
daging ayam sami sambat. Kajawi mapag Natal kakinten mindhakipun regi
daging ayam kaperbawan kirangipun pasokan seminggu menika.
Miturut setunggaling bakul ayam, Trie Utami mindhakipun regi daging
ayam amargi kathah daerah pemasok ayam potong ingkang ingah-ingahanipun
pejah dadakan ing saindhenging Kabupaten Pati. Kajawi menika mindhakipun
regi kasebat jalaran kathahipun pesenan, sawetawis tinuku bakul daging
lembu nelakaken kangge daging lembu reginipun taksih ajeg. Ananging
amargi kaperbawan indhak-indhakan regi sawetawis wulan kepengker
omzetipun mandhap kathah. Para bakul ngajab regi enggal ajeg malih
satemah daganganipun rame kados sekawit. (Hasanuddin – Pati)