MargoyosoUpdate.com -
Kasur hampir tiap rumah memilikinya. Namun tahukah anda kasur yang
biasa kita pakai sehari-hari ternyata rata-rata adalah buatan kaum ibu
di Desa Karaban Kabupaten Pati. Tidak hanya pasar dalam negeri kasur
asal Desa Karaban bahkan sudah diekspor ke beberapa negara tetangga.
Samangke wonten perajin kasur sak boten-botenipun cacah 3.000 ing
Desa Karaban. Racakipun mujudaken ibu-ibu ingkang damel kasur ing
griyanipun. Anggenipun damel kasur kapuk prasaja sanget. Sepisanan
inggih ngguntingi kain kangge bahan kasur. Nuli kain dipun jahit tataran
kasebat padatanipun dipun garap ing griya. Salajengipun kain dipun
iseni kapuk ingkang dipun tindakaken ing gudang. Nglebetaken kapu
padatan ngginakaken pipa plastik. Sasampunipun kasur kebak kapuk kain
kasur dipun jahit malih. Sinaosa skala rumah tangga pranyata usaha
pandamelipun kapuk menika sampun dipun sade ing sakathahing wewengkon
ing Indonesia malah ngantos dipun ekspor.
Miturut salah setunggaling pengusaha kasur kapuk Sukarno konsumen
saking Negari Manca remen kasur damelanipun Desa Karaban amargi
kualitasipun boten kawon kaliyan kasur busa. Kajawi menika kasur kasebat
ugi boten kraos benter. Kangge ukuran paling alit setunggal meter
kaping kalih meter dipun sade 85.000. Wondene ukuran ageng inggih 185
senti kaping 2 meter reginipun Rp 140.000. Sinaosa sampun kawentar
Sukarno ngaken taksih kangelan nyade mliginipun dhateng peken Eropa saha
Amerika. Kajawi bahan baken ingkang sansaya awis sesaingan peken
kaliyan produk China ugi anjalari pangsa peken kasur kapuk saking
karaban wiwit suda. (Hasanuddin - Pati)