Margoyoso Update -
Ndungkap ariraya Idul Adha, warga Dusun Pasinggahan, Desa Sugihrejo,
Kecamatan Gabus, Pati nggelar ritual reresik desa kanthi ngarak sekul
berkat dhateng punden desa. Ing pungkasaning ritual, atusan warga
ingkang dugi saking sakathahing kitha rebatan supados angsal sekul
berkat.
Kanthi dipuniringi kesenian tradisional barongan, wakiling warga
saking saben RT saha kepala desa sarta perangkat desa ngarak sekul
berkat mubeng desa ingkang isinipun sekul pĂȘthak saha maneka lawuh.
Sekul berkat ingkang dipun papanaken ing jodhang kasebat dipunarak
tumuju punden desa Nyai Slamet ingkang mujudaken panggenan ingkang
dipunkeramataken dening warga.
Sasampunipun ngarak sekul berkat, acara dipun lajengaken kanthi
ritual ing punden ingkang dipun lajengaken kanthi donga sesarengan.
Ritual menika minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha
Agung amargi dipun paringi rejeki saha kawilujengan. Ing pungkasaning
ritual sajen sekul berkat ingkang sampun dipun dongani dening tokoh
agami dipun rebataken warga.
Satunggaling warga Rukayah nelakaken warga pitados sekul berkat
ingkang dipun rebataken saged mberkahi kangge pedamelanipun tetanen saha
menawi dipun tedha saged nambani sesakit.
Kepala Desa Sugihrejo, Ahmad nelakaken saben taun ing wulan apit
salebeting tanggalan Jawi warga Dhusun Pasinggahan, Desa Sugihrejo,
Kecamatan Gabus, Pati, Jawa Tengah nggelar ritual reresik desa ingkang
padatan dipun wastani sedhekah bumi. Tradisi menika kajawi ngandhut
ancas supados asil tetanenipun langkung sae katimbang taun saderengipun
ugi supados warga dipun paringi kawilujengan mirah rejeki saha minangka
tulak balak.
Sasampunipun dipun dongani dening tokoh agami, sekul tumpeng ingkang
sampun dipun arak mubeng desa dipun rebataken warga kangge dipun beta
wangsul. (Hasanuddin - Pati)